Senin, 08 Februari 2016

Serat Wulangreh



Serat Wulangreh 

Serat Wulangreh iku keserat dening Sunan/Susuhanan Paku Buwana 4 utawa Senapati Ingalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah, kang mangku teges”Panglima Perang Pemimpin Agama Utusan Allah’. Tembung “Wulangreh” dumadi saka rong tembung yaiku tembung “wulang” kang tegese piwulang utawa ajaran, lan tembung “reh” asale saka tembung kuna kang tegese laku utawa wewaler. Isi piwulange yaiku:
  • Pupuh Dhandhanggula isine bab cara milih guru utawa pentinge lan wigatine wong iku duweni ilmu pengetahuan.
  • Pupuh Kinanthi isine bab cara srawug utawa milih kanca.
  • Pupuh Gambuh isine larangan duwe watak adigang,adigung,adiguna.
  • Pupuh Pangkur isine tata krama, mbedakake ala lan becik.
  • Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah.
  • Pupuh Dhundhuk isine cara ngawula marang Raja.
  • Pupuh Durma isine cara ngendhaleni hawa nepsu.
  • Pupuh Wirangrong isine bab ala becike perilaku
  • Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mangerteni isi wacan.
  • Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan syukur.
  • Pupuh Asmaradana isine bab nindakake ajaran agama.
  • Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku.
  • Pupuh Girisa isine pesen sarta donga Sang Pujangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar